Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Ada 5 hal Unik Tentang Dina Bakda (Hari Lebaran) Orang Jawa

Kronologibayu-5 hal Unik yang terjadi seputar Bakda (Hari Lebaran) Orang Jawa [Versi Bahasa Jawa]. Ana bab-bab kang unik ngenani tradisi dina bakdo ing masyarakat jawa. Opo bab kang unik mau. ? monggo dipun waos kanthi premati katrangan tulisan ana ing ngisor iki.

Dina Bakdo, Hal unik tentang Bakdo Hari Lebaran Orang Jawa, Kejadian unik seputar lebaran, Apa itu dina bakdo

1| Sandangane Anyar

Sakjane ora ana kewajiban kudu nganggo sandangan anyar nalika ing dina bakdo. Nganggo sandangan anyar utowo lawas kui sah-sah wae nalika ing dina arioyo, sing penting sandangan sing dinggo kui rapi lan pantes. Nanging udu rahasia maneh menowo ana ing kasunyatan sosial masyarakat nunjukake akeh sing nganggo sandangan anyar nalika dina bakdo.

Soko sirah teko sikil panganggone anyar kabeh. Piyantun kakung sing bapak-bapak biasane ngisorane nganggo celono dowo bahan lan ugo ana perangan sing nganggo sarung. Tapi akeh-akehe, akeh sing nganggo celono dowo, alesane praktis lan ora samar mlorot/mlotrok pas dianggo.

Sandangan Nduwurane sing paling umum dianggo yaiku klambi batik, klambi muslim lan kaos sing ono kerahe. Jarang ono sing nganggo kaos oblong. Umpomo ono sing nganggo kaos oblong, biasane kui bapak-bapak sing model wonge nyantai, gaul utowo wong tuwo sing ora pati dong.

Sendal sing dinggo biasane model slop lan jepit sing regane rada larang, udu sandal jepit swallow. Tapi ono ugo perangan uwong sing nganggo sandal jepit swallow sing murah, biasane kui mbah-mbah sing wis sepuh sing ora pati nggagas Fashion anyar model saiki. 

Sing cah lanang nom-noman, panganggone apik-apik model saiki. Nduwurane nganggo klambi jenis lengen dowo utowo lengen cendak.  Sing model paling anyar sak iki yaiku klambi model slim fit sing ngepas ono ing awak, gen katon maco jare.

Klambi-klambi mau motif lan modele wis up to date. Sandangane sing Ngisor biasane nganggo celono jenis celono dowo bahan utowo jeans. Modele ono celono dowo pensil lan slim fit utowo akeh sing ngarani katok dowo nyetrit.

Ora ono utowo jarang sing nganggo celono cendak ing acara salam-salaman. Yen umpomo ono sing nganggo celono cendak, biasane kui cah lanang nom-noman kang ora pati mudeng unggah-ungguh.  

Sing ibu-ibu utowo remaja putri biasane nganggo jilbab lan sandangan muslim model bablasan (Baju Gamis).  Tapi ono ugo sing ora nganggo jilbab, kui sah-sah wae sing penting paseduluran tetep iso rumaket ing acara salam-salaman.

Bocah cilik panganggone bebas. Motif Sandangane rame lan gayeng. Ono sing nganggo kaos gambar super hero, kartun sing disenengi koyoto spongebob, Unyil, upin-ipin. Lan ugo ono sing nganggo kaos gambare pemain bal-balan tanah air yaiku Si Madun.  

Sing bocah cilik wadon biasane nganggo klambi lan Sayak ukuran cilik.  Ananging ugo ono perangan bocah sing dinggoni baju muslim ukuran cilik. Bocah cilik wadon sing ora nganggo jilbab biasane rambute dikucir loro (2). Ono sing dikucir nganggo pito lan ono ugo sing cukup dikucir nganggo karet gelang.

Arep nganggo opo nali rambut bocah cilik kui, kui mau terserah selera mbok'e dewe-dewe. Yen ora duwe pito utowo karet gelang, nganggo rapia yo iso, sing penting rapi lan patut disawang.
 
Bocah cilik lanang utowo wadon sing lagi iso mlaku (kisaran umur 1,5 tahun),  biasane nganggo sandangan ukuran mini (cilik banget) kang nduweni motif lucu, koyoto gambar iwak, gambar kupu-kupu, gambar sapi, gambar kelinci, gambar gajah lan sak piturute.

Bab kang paling gampang nggoleki bocah cilik jenis iki yoiku biasane sikile dinggoni sepatu sing iso muni pas bocah kui mau mlaku. Uni Swarane yaiku "Cit-Cit-Cit-Cit". Sak ngertiku Swara kui kayane wis pakem, tapi ora nutup kamungkinan ing taun-taun ngarep sepatu kui iso ngetokake swara kang unine "Te-Lo-Let".

2| Usum Salam-Salaman

Dina bakdo utowo dina arioyo ing jagat jawa biasane ana tradisi salam-salaman. Salaman iki wujude jabat tangan antarane uwong karo uwong sing dilumantari ucapan ikhlas lahir batin njaluk pangapuro tumrap kaluputan antarane siji lan sijine. Acara iki dimaksudake nglebur doso antarane siji lan sijine antarane uwong lan uwong.

Ana loro (2) jenis salam-salaman ing dina bakdo.

Salam-salaman model kapisan biasane salam-salaman tingkat kampung/dukuh. Salaman setaun pisan iki biasane dianaaké ing omahe RT, Mesjid utowo omahe warga sing jembar. Lanang-wadon, enom-tuwo lan bocah cilik tumplek-blek ana ing acara iki. 

Salam-salaman sing jenis nomer loro (2) yaiku salam-salaman tingkat kluwargo. Salam-salaman model iki dianaaké ono ing omahe kluwargone dewe-dewe. Biasane salam-salaman tingkat kluwargo digelar ono ing omahe anggota kluwargo kang dituwekake utowo ono ing omahe simbah.

Dadi kowe kabeh ojo kaget menowo ing ndalan wektu bakdo rame wong liwat numpak sepeda motor utowo montor roda papat, kui mau udu iring-iringan kampanye partai utowo kirab budaya, ananging kui mau yaiku lalu-lintas kendaraan wong sing arep salam-salaman menyang omahe simbahe utowo sedulure.

3| Akeh Panganan Enak

Ora mokal yen dina Bakdo kui akeh panganan kang rasane enak. Panganan kang maneko warno kui mau ditujukake kanggo ngrayaake dino bakdo, sak liyane dipangan dewe ugo dimaksudake dinggo nyuguh tamu kang teko neng omahe dewe.

Ono Opor Ayam, Kupat Sayur, Sego Uduk/ sego gurih, lan maneko warno jenis panganan olahan kang bahan dasare iwak pitik. Sak liane kui, ugo ono panganan enak liyane kang nggoda ilat manungso nganti melet-melet saking enake panganan ing dina bakdo.

Ing dina biasa, panganan-panganan mewah iku jarang ono ing mejo panganan. Ing dina biasa paling anane mangan karo tahu-tempe lan jangan bening. Direwangi njaluk nganti gulung-koming, bambang jungkir lan salto ping pitu, tetep ora digawekne dening mbokmu, sing alesane bahane larang, bakule wis resign nganti pasare kolaps lan maneko warno alesan liyane sing nganti gawe awakmu iso ngrasakne paite urip. Tapi, anehe tanpa awake dewe njaluk, panganan mewah iku iso ana kanti karepe dewe ing dina bakdo. Yoiku hebate dina Bakdo.

4| Usum Duit Pitrah

Soko asal boso Pitrah kui soko tembung arab yaiku Fitrah kang duwe teges sifat asal; kesucian; bakat; pembawaan. Tapi, mboh piye critane kenopo iso dadi tradisi maringi duit marang wong liya sing disebut Pitrah. Babagan sejarahe kui aku yo ra pati dong. Coba takono simbahmu utowo wong kang mudeng babagan budoyo jowo.

Ojo pisan-pisan takon mesin pencari, yen nganti ora ono sing posting tulisan babagan sejarah Pitrah kui mau, mengko malah bisa gawe mbah google puyeng sirahe. Mbah Google kui mung nawarake jasa goleki utowo perantara nemokake tulisan lan dokumen sing ono internet. Gawe mumet sirahe liyan kui ora ilok.

Ana ing masyarakat tionghoa, duit pitrah iki diarani angpao. Yen ing masyarakat tionghoa duite mau biasane dilebokake ana ing amplop sing rapi trus diandumno. Tapi yen ing tradisi jawa, biasane duit Pitrah gur dilempit trus diandumno. Carane andum langsung diseselno ing tangane wong sing diparingi pitrah.

Carane andum duit pitrah kui yo unik. Biasane lembaran duit dilempit trus diselipne neng tangane bocah cilik. Yen ora iso langsung nemoni bocah cilik, biasane duit Pitrah kui dititipne wong tuwane (Bapak-ibuke bocah cilik).

Biasane wong tuwane bocah sing nampa pitrah kui ngomong:
Pun maturnuwun mboten sah mbah. . 
Kulo Mboten kepenak

Trus sing ngeki pitrah njawab:
Wis ra popo tampanen. , 
kui gawe tuku permen anakmu. ,

Mboh ngopo mesti kedadeyan basa-basi sing ora ana faedahe iki ora ketang pisan utowo pindho mesti ana ing dina bakda. 

Biasane sing andum pitrah kui umure luwih sepuh tinimbang sing dipitrahi. Sak gedeku iki, aku urung pernah nemoni bocah cilik umur SD mitrahi mbahe sing umur Seketan munggah (50an tahun ke atas). Yen upomo ana mungkin kui mlebu jenis bocah lan wong tuwo sing ra pati dong babagan hak lan kewajiban.

Umume sing entuk duit Pitrah kui bocah cilik. Bocah gede koyo sing duwe blog iki yo wis ra tau entuk pitrah. Jare alesane yen bocah gede kui wis ora patut. Sing isih patut dipitrahi kui mung bocah cilik. Padahal bocah gede luih patut dipitrahi mergane kebutuhan kanggo urip luih akeh dadi pantes disumbang. hehe.

5| lsp

Lan sak piturute.

-Nuwun-

Post a Comment for "Ada 5 hal Unik Tentang Dina Bakda (Hari Lebaran) Orang Jawa"